Rabu, 03 April 2013

Cerita Ngapak

Lawakan Humor Ngapak – Bule Geseng.


Suatu hari Guplo, seorang bekpeker ngapak asli mBanyumas City, kepengin benget dolan maring Jerman merga kepengin ketemu idolane pemain bola Ronaldo (Ronaldo koh neng Jerman njah? Mbuh kuek, kembarane ndean). Akhire nekat nebeng kapal apa bae sing ana tulisane “Made In Germany” sing kirane lajune maring ngulon. Rong ndina perjalanan akhire Guplo tekan maring pelabuhan, jebule wis neng Australia. Ndarani wis gutul, Guplo langsung lunga jalan-jalan maring tengah kota. Neng kota kuwe akeh hal-hal anyar sing nggumuni pisan. Salah sijine kuwe ana bangunan gede dhuwur pisan, ana menarane. Guplo sing penasaran akhire mereki gedung kuwe. Jan bareng dipereki ternyata tambah gumun kuwe lawange apik pisang, sekang kaca! Tapi bar diamat-amati ternyata neng lawang kuwe ana tulisane “OPEN”.
Guplo: GEMBLUNG! Ana open gedene semene!! Rotine kaya apa gedene? Ckckck! Rugi kye dulur-dulurku neng kota ngapak ora pada melu nyekseni. Untung aku ngwaneni minggat dadi duwe kesempatan go ndeleng open raksasa kaya kiye, ora kon ngrewangi macul nggone kaki Karto. (bungah lan bangga pisan critane)
Ora let suwe ana bule teka. Guplo Mandan panik merga bule kuwe mlaku arep mlebu maring njero open.
Guplo: Alah mister, aja mlebu!! Kuwe open!! Ngko geseng rikane!! ADJAAAA!!!
Guplo ngorong-orong karo ngaweh-aweh. Tapi bule-ne ora mudeng apa sing diomongna Guplo.
Bule: Are you allright , Sir?
Bule-ne ngeyel tetep bae mlebu. Guplo mung bisa ndeleng melas ming si bule, madan krasa salah merga ora bisa nylametna wong kue. Let ora suwe ana wong metu sekang njero gedung (bule wong negro).
Guplo: Alahlah gwe mbok? Wis diomongi kon aja mlebu tapi rikane ngeyel. Ya kuwe rika dadi geseng ireng ketuntheng kaya kuwe lah..jannn…untung bae rika esih urip!
Bule negro: What do you talking about, Sir?


Sumber: http://www.klikbanyumas.com/santai/humor/humor-ngapak-bule-geseng/#ixzz2PQHty3hm
Follow us: @KlikBanyumas on Twitter | KlikBanyumasSatria on Facebook

1 komentar: